Pambuka
Nuwun, para pepundhen, para pinisepuh, miwahsesepuh, mugi linepana ing tulak sarikbendu-panyendu anggen kula kumawani ngadeg ing ngarsa paduka, nigas wacana munggel kamardikan anggen paduka imbal wacana. Kula didhawuhi ingkang hamengku gati tingkeban nun inggih bapak Ibu Suwiryo
Para ibu-ibu, para bapak-bapak ingkang satuhu kinurmatan. Saklajengipun sumangga tansah kula dherekaken memuji mring ngarsanipun Gusti kang maha kuwasa, dhedhepe ing pepadanipun, amarikelu tansah ngaturaken pamuji syukur rahayu. Nun inggih hamung saking sih wilasanipun, kula panjenengan sedaya kepareng pinaringan daya kekiyatan satemah saged nunggal ngempal ing sasana riki saperlu nekseni saha mangertosi tumapaking karya upacara tingkeban antawisipun Nimas AYU saha dhimas PERMADI, ingkang sekedhap malih, menawi Gusti ngudaneni badhe kagungan momongan.
Saderengipun tata rakiting adicara tingkeban kawiwitan, keparenga kula ngaturaken menggah rantamaning titi laksana.
Sepisan, pambuka. Kaping kalih, atur pambagyaharja. Saparipurnaning atur pambagyaharja tumuli tumapak gatining laksana nenggih adicara ingkang kaping tiga, nun inggih rerangkaining adicara tingkeban nun inggih sungkeman, siraman, sesuci, pecah pamor, brojolan antiga, sigaran cengkir gadhing, nyampingan, luwaran saha simparan, wiyosan, kudangan, bubukan, kembulan saha unjukan, rencakan, rujakan saha dhawetan. Dene minangka pethiting titi laksana nun inggih panutup
Mekaten kalawau menggah reroncening titi laksana ingkang rinacik, sumanga enggal tumapak gatining laksana ingkang kaeka nun inggih pambuka. Minangka pambukaning titi laksana, sumangga kanthi patrap ingkang sampurna kula dherekaken memuji muhung mring ngarsanipun Gusti. Puji pandonga rahayu, sumangga kula dherekaken. Mugi pangeran ingkang mahawikan paring berkah, satemah adicara tingkeban saged lumapah boten cengkah kaliyan racikaning titi laksana, mung akarya bingah mring kang samya lenggah
Pambagyaharja
Awit saking bingahing penggalih Bapak Ibu SUWIRYO dupi priksa paduka ingkang sampun lenggah satata pepak sinaroja, bandharing wacana kasumanggakaken dhumateng Bapak MAUN. Dhumateng Bapak Maun sumangga, dene bapak Ibu SUWIRYO kasuwun jumeneng hangampingi Bapak Maun.
Mekaten kalawau menggah pangandikanipun ingkang hamengkugati lumantar panjenengan Bapak MAUN.
Adicara saklajengipun nggih menika upacara Tingkeban. Ingkang kapisan inggih menika:
Sungkeman
Dhumateng ngarsanipun ingkang bebesanan nun inggih Bapak Suwiryo muwah bapak ibu Joko keparenga sawega ing dhiri kanthi lenggah ing sasana ingkang piniji. Dumateng Ibu juru paningkeb, keparenga hanganthi Nimas Ayu sarta Dhimas Permadi lumarap ing ngarsaning ingkang rama sarta Ibu.
Ingkang kaeka Nimas Ayu badhe sumungkem dhumateng ingkang raka nun inggih ingkang garwa Dhimas Permadi sineksenan mring para wredha. Sasampunipun sumungkem dhumateng ingkang raka nun inggih ingkang garwa, kekalihipun arsa anguswa pepadhaning ingkang rama miwah ingkang Ibu.
Siraman
Kados sampun lenggah satata Nimas Ayu, sarta sampun sumandhing hanjenengi nun inggih rama miwah ibu. Arsa ginarujug ing warih, kasoking toya sarta pamuji donga rahayu, lamun ginantha ing wardaya kadya udan basuki.
Sampun jangkep pitu cacahipun, Nimas Ayu pinaringan jamas pasiraman saking tuk pitung sumber
Sesuci
Salajengipun ingkang rama kepareng paring sesuci kanthi toya kang mijil saking telenging kendhi pranata. Kanthi sesuci warata ing saranduning sarira, mugi-mugi Nini Ayu tansah pikantu pitulungan sarta pangayoman, sentosa ing jawa, pikukuh ing raga, manunggal tekade, nyawiji rasane satemah mantep ing wardaya kalamun badhe kagungan putra.
Pecah Pamor
Paripurn paring sesuci, kendhi arsa kapecah mring ingkang rama miwah ingkang ibu.
Brojolan
Paripurna mecah kawah, tumuli katindakaken adicara brojolan. Ibu juru paningkeb kepareng njumenengaken Nini Ayu. Antiga kadhawahaken sangajenging jaja pecah sanalika. Kuninge antiga pralambang rah, putih pralambang sungsum. Nini Ayu mugi tansah sinengkuyung mring rah lan sungsum anggenira mbobot ingkang putra, satemah sarira tansah sentosa, sinangga ing kebagaswarasan.
Sigaran
Salajengipun Nini Ayu kakanthi mring bapa-ibu tumuju dhumateng sasana busana. Dene bagus Permadi tetep jumeneng ing sasana riki saperlu nindakake adicara sigaran.
Kados sampun sawega samudayanipun, pramila saumangga Dhimas Pernadi kula aturi jumeneng hangadhepi cengkir. Para tamu kasuwun paring panjurug amrih Dhimas permadi sakalangkung bombing lan grengseng. Menawi sampun samekta, badhe kula abani : stunggal …..kalih …tiga. Cengkirgadhing sampun binelah kados pundi para tamu wujudipun? Pas tengah menapa meleset?
Mekaten para tamu, cengkir sampun kasigar . pranyata sigaraning Dhimas Permadi meleset, pratandha badhe kagungan putra kakung.
Nyampingan
Salajengipun adicara nyampingan, dumateng juru paningkeb kula sumangga
Luwaran lan Simparan
Katingal sampun pantes, gandhes, luwes tur kewes Nimas Ayu. Salajengipun badhe katindakaken adicara luwaran. Luwaran ngemu pralampita sinandi, bilih ingkang garwa setya tuhu sarta tresna mring pawestri satemah suka pitulung amrih laire ponang jabang bayi kalis saking sambekala.
Caranipun Dhimas Permadi badhe nigas janur kuning ingkang tinangsulaken ing padharan ingkang garwa. Tinigas saking ngandhap manginggil. Sasampunipun nigas janur kuning, Dhimas Permadi mundur tigang plangkah, lajeng lumanjar sasanter-santeripun. Lumajar ing bagus Permadi dadya pratandha gangsar wijiling ponang jabang bayi.
Ing palataran Dhimas Permadi sigra nendhang klenthing prantandha pecahing kawah, hanyimpar ayam pratandha gangsaring lair.
Wiyosan
Para ibu ingkang kinurmatan, salajengipun sampun dumugi mangsa kala adicara wiyosan, nun inggih pralambang miyosipun jabang bayi lumepas saking guwa arbaning rena. Kalamun ponang jabang bayi wus tapa brata ing guwa garba nawa candra dasa ari suwene, kepengin weruh padhanging donya endahing jagad kanthi lair ing alam padhang.
Pramila sumangga ingkang sepisan calon eyang putri nun inggih eyang pambudi kula aturi nampi wijiling ponang jabang bayi.
Paripurna wiyosan cengkir gadhing kang sepisan. Salajengipun cengkir gadhing dewi Kamaratih, badhe kawiyosaken tinampi mring eyang putri Dwija Hartana. Samun tinampi, age-age eyang kakung Dwija Hartana marepegi eyang putrid sarwa-sarwi gupuh ing pitaken.
Kudangan
Ibu Pambudi saha Ibu dwija, panjenengan samenika sampun dados yangti (eyang putri), cobi para tamu kepingin mangertos kados pundi menawi panjenengan ngudang wayah? Kados pundi ibu-ibu menapa panjenengan sarujuk menawi eyang-ayan menika ngetingalaken caranipun ngudang wayah. Menawi setuju, paring keplok ingkang gayeng.
“Ibu Pambudi saha Ibu Dwija, menika tamu sami keplok malah kepara gayeng, tegesipun panjenengan kedah ngundang wayah “mangga”
Bubukan
Salajenipun para eyang menimang cucu (cengkir gadhing) lan di turokaken wonten papan ingkang sampun disiapaken
Kembulan lan unjukan
Sumangga Dhimas Permadi lan Nimas Ayu, kula aturi mundhut sekul salawuhipun ingkang wonten tumpeng pitu. Dhahar kembul sesarengan mratadhani guyup rukuning tiyang mangun brayan. Guyup rukun dadya prantandha kabagyaning kula warga.
Ngunjuk toya wening dadya pratandha, kalamun sekehing tindak tanduk, muna lan muni kapenggalih kanthi wening.
Kukuban
Paripurna acara kembul bujana, dhahar dedulang, calon ibu bapak badhe nindhakake kukuban. Saniskaraning sarana busana badhe kaasta dhumateng papan palereman, nun inggih papan ingkang piniji, ingkang pinitados saged dados sasananing garwa hanggenira ngrerantu wijiling sunu. Sumangga dhimas sarta Nimas.
Rencakan
Rebutan piranti ingkang dimigunakake dene upacara tingkeban
Rujakan lan dhawetan
Kalamun sampun antri mundhut rujak miwah dhawet, dhumateng para tamu kersaa kembul bujana, ngrahabi pasugatan ing papan ingkang piniji kanthi ladi pribadi(prasmanan) Sumangga
Pungkasan
Purwa, madya sampun dumugi pungkasaning titi laksana. Mawantu-wantu panuwunipun ingkang hamengku gati konjuk mring para tamu ingkang minulya, para kadang sentana, kadang panuwun kridha, tanga miwah tepalih ingkang sampun paring eguh pratikel, bau suku, bandha beya, amrih kasembadyan saha rancaking titi laksana tingkeban ing wanci menika. Ingkang hamengku gati hamung saged nyenyuwun mring ngarsaning widhi, mugi gusti kepareng nedhaaken lelinthu ingkang satraju syukur bage hanglangkungana
Pethit pepuntoning atur, kula pambiwara kalamun wonten cicir cewet kuciwaning atur, jalaran kirang pandhapuking basa, kirang runtut pangrakiting ukara, sayuk karya wulung wido mangsa rowang, sayektinipun awit saking bodho kawula. Jenang sela-sela kang pindha ancala, apuranta cinandhi salam-lama nuwun.
Mantap, makasih kk
BalasHapusMantap... Sae sanget
BalasHapusIzin menggunakan teks tersebut kak,
BalasHapusNanti saya cantumkan sumbernya. Terima kasih