Rabu, 12 Januari 2011

Pambagyaharja


Assalamualaikum wr.wb.

Nuwun,
Kula minangka sesulihipun Bapak Santosa kepareng matur ing ngarsanipun para tamu.

Kula ngaturaken sanget agenging panuwun, dene para tamu sampun rawuh jurung wungon ing enjing punika, awit saking tresna asih panjenengan dhateng kulawarga Bapak Santosa. Mugi anggen sami panjenengan jurung wungon tirakat, paring donga pangestu, kaijabahan dening Pangeran ingkang Maha Mirah, satemah kawilujengan, rahmat lan barkah dhumateng panjenengan sadaya lan sakkulawarga.

Boten katalompen, kula ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ALLAH, saking berkahipun saha palilah Gusti ingkang maha mirah kita saged nindakake adicara Khitananipun Bagus Dwi Kuncoro ing wanci menika.

Para tamu ingkang kinurmatan

Alhamdulillah, Kanthi puji, pandonga, pangestu saking para tamu ingkang minulya saha berkahing Pangeran. Putranipun bapak Santosa inggih menika Bagus Dwi Kuncoro sampun dikhitan kalawingi enjing kanthi lancar. Mugi Den Bagus Dwi Kuncara tansah pinaringan rahmating Gusti, awarni raos syukur lan panarimah, wilujeng tebih kasangsaya. lan dadosa lare ingkang utami, bektos dhumateng Pangeran bektos dhateng tiyang sepuh. Gesangipun sageda murakabi ing bebrayan, nusa lan bangsa.

Namung cekap semanten, atur kula ing ngarsa panjenengan sedaya. Kiranging boja lan krama kula tumanduk dhumateng panjenengan sadaya, kula nyuwun agenging pangaksami.

Sumangga nun, kula dherekaken angrahapi atur pasugatan kula. Wasana mugi sami keparenga anglajengaken wungon tirakat sakeparengipun.

matur nuwun
Wassalamu'alaikaum wr.wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar