Sugeng Enjing…..
Assalamualaikum wr. wb
Nyuwung gunging samudra pangaksami, sakderengipun kula matur dumateng panjenengan sedaya .
Innalillahi wa innalillahi rojiun 3x
Kanthi raos emut menggah pepemut wonten ing ari palenggahan punika. Kita sami ngakeni bilih sedaya tiyang menika. Saking panjenenganipun Allah Ingkang tamtu manguyun dumateng panjenenganipun Allah ugi.
Para takzim saha takjiah wonten ing palengahan punika, kula kadawuhan pinangka talang ing basa saha rambatanipun kulawarga Mbah Marijan
Ingkang sakperlu ngaturaken
Sepisan matur nuwun menggah karawuhan panjengan sedaya.
Kaping kalih lumantar kula, kulawarga Mbah Marijan nyuwunaken pangapunten sedaya kalepatanipun Alm Mbah Marijan kanthi ikhlas ingkang saged andhayani lancare pasoananipun Alm. Mbah Marijan saha kasandhing wonten ngarsanipun gusti Allah
Kaping tiga kersa a paring donga pangestu dumateng kulawarga ingkang kathilaraken tansah ayem tentrem awit payungagungipun Allah. Kangge kita sedaya, kawontenan punika tansah handadosaken pepemut. Nyaketaken dhateng Allah ingkang akarya gesang lan panggesangan.
Cekap semanten ingkang dados atur kula pinangka pribadi saha duta, pramila wonten khilaf lan lepat atur
Nuwun pangagungi samudra pangaksami
Matur nuwun
Wassalamualaikum wr. wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar