Rabu, 12 Januari 2011

Serat Candrarini

SERAT CANDRARINI

1. Naskah

a. Identifikasi Naskah

Judul naskah : Serat Candrarini

Tempat naskah : Solo

Jenis : Tembang Macapat

Jenis tulisan : aksara jawa cithak

Alat tulis/ cetak : kertas

Warna tinta : hitam

b. Naskah Candrarini

Sinom

Kang hagnya gita Srinata / ing Surakarta nagari / Paku Buwana ping sanga / mangun wasitaning estri / ingkang cinitreng ari / Respati tanggal ping pitu / Jumadil akir wulan / kang nêmbe sangkaleng warsi / miyarsakna trusing kang sabda Narendra

Liring kang wiyata harja / ujar ugêring pawestri / kang winayuh dennya krama / yogya ngupakareng dhiri / manjêrnih mardi weni / wewinda ganda rum arum / umarah ngadu warna / winor ing nayana manis / mangesthiya ing reh cumodhong ing karsa

Awit jenenging wanodya / pêgat dennya palakrami / nistha nir kadarmanira / wigar denira dumadi / sami lan mangun teki / kang badhar subratanipun / punggêl kasêlan cipta / marma sagunging pawestri / marsudiya wadadaning palakrama

Den kadi duk jaman purwa / garwanta Sang Pandhusiwi / kang kocap layang wiwaha / lêlima ayu linuwih / tiga putraning aji / kang kalih atmajeng wiku / pantês dadya tuladha / estri kang kanggep ing krami / winursita dyah lima candraning warna

Kang sepuh Wara Sembadra / saking Mandura nagari / atmaja Sri Basudewa / ing warna ngrêsêpkên ati / sumeh kang netra lindri / pasaja ing driya tangguh / sêmu kurang budaya / awijang dedeg rêspati / kuning wênês labate amung kêpama

Tan pati ngadi busana / mangu kadung yen lumaris / jatmika arang ngandika / tan rêgu sêmune manis / ririh tanduking angling / lumuh ing wicara sêndhu / amot mêngku aksama / tuhune pribadi pinrih / sêtyeng priya datan lênggana sakarsa

Mring maru kadi sudara / rumêsêp tan walang ati / sanadyan kurang budaya / lêgawa anrus ing batin / winowong widadari / labêt kadang ira Wisnu / marma Sang Dananjaya / pamêngkune sêmu ering / maru nira anggêpe sami nyuwita

Myang raka Sri Baladewa / miwah Prabu Harimurti / kalangkung ing tresna nira / marang Dyah Banoncinawi / kadang estri satunggil / kapisah panggenanipun / mila tansah anduta / wau Sang narendra kalih / tanya warta mring Sang Rêtna Madubrangta

Dhandhanggula

Garwa ing kang panênggak winarni / apêparab Dewi Manuhara / saking patapan wijile / putranira Sang Wiku / Manikara ingkang palinggih / Wukir Tirtakawama / ing warna pinunjul / kadi gambar wêwangunan / netra jait antêng pamuluna manis / yen paes mimbuh endah

Nadyan ngusud yêkti maksih manis / wanda luruh kang bau awijang / maya-maya sawangane / amardapa angunguwung / kuning wênês asêmu wilis / lir myang pudhak sinurat / katon warnanipun / tanpa apêpindhanira / andakara kataweng ing ima nipis / ruma myang amradipta

Ayunari ingkang sitarêsmi / kuciwane pan among samatra / dene lugas gêgêlunge / ananging maksih mungguh / sarwa ramping srandunung dhiri / marmanta kurang madya / ing pambayunipun / lir tawon gung kang gumana / lambungnira satata amilagoni / kadya sêkar kintaka

Lathi dhamis anggula sathêmlik / rêkta kadya kang manggis karêngat / kengis dening wiragane / waja amiji timun / rêntêt rampak ing pucuk kuning / lumirat wor wicara / wêh kesar kang dulu / sarwa lus sasolahira / yen amesêm iriban arang kaeksi / sinamun pangandika

Têmbung arum rumakêt amanis / tandukira angêngayuh driya / bias nuju ing karsane / priya myang marunipun / pina pangkas dennya nglêgani / susila anoraga / sêpi ing piangkuh / anget trahing dwijawara / bêtah nglapa karêm ing bangsa mastuti / asmara mring sasmita

Asmaradana

Panêngah Dewi Ulupi / atmajanireng pandhita / Bêgawan Kanwa wastane / dhepok wukir Yasarata / endah rêspati warna / liringe anunjung biru / sumorot kadi kartika

Dhemês luwês mêrak ati / kadya pratima rinêngga / sarêntêg brambang awake / maweh brangta kang tumingal / liringe pindha wulan / tan pêgat maesmu guyu / kengis kang waja gumêbyar

Antênge wêkasan keksi / sumeh ing pamulunira / pantês yen amathêt lambe / ngiras mintonakêm waja / wangun tetesing toya / kataman baskara nawung / lir tranggana mrih sasana

Jaja wêlar wêwêg isi / gêmuh ingkang payudara / parigêl patrap solahe / kewês wêdaling wicara / tinut liringing netya / tandang tanduke rumêngkuh / mring priya myang marunira

Bias cawis amgladeni / kang dadi karêming priya / myang putra cethi sêdene / marma wong sa Madukara / ajrih asih sadaya / suyut tur mawa kayungyun / prabawa wijiling tapa

Mijil

Garwanira Sang parta sumêndhi / ingkang cinariyos / Rêtna Gandawati kêkasihe / Sri Harjunayana kang sêsiwi / nateng Sriwêdari / ing warna pinujul

Dêdêg ngrompyoh sarira anglêntrih / amardawa tinon / kuning wênês wingit pasêmone / antêng jatmika ruruh yen angling / ing wiweka titi / kurang gujêngipun

Rema mêmak ngêndrawila wilis / rêrompyoh kang sinom / jangga lumung wêlar prajanane / maya-maya lir cêngkir piningit / anggêndewa gadhing / wijang baunipun

Wiragane ana nanging brangti / yen lumampah alon / mêmbat madya alêmês lambunge / angler tunjung / lumênggang ing warih / kasilir ing angin / weh gandaning rum

Susilengtyas sunawiteng laki / dumulur sapakon / kinawruhan maru sêsikune / winêweka winoran mêmanis / yen rengat pinlimping / ing wicara arum

Wasis salir pakaryaning estri / rerates kokonyoh / widadari Sang Dyah pagurone / winulangkên mring marune sami / mrih dadiya kanthi / ngladosi mring kakung

Kinanthi

Garwa kang pamêkasipun / nama Sang Wara Srikandhi / saking nagari Cêmpala / raja ingkang asêsiwi / Sri Maha Prabu Drupada / ing warna tuhu linuwih

Jênar pasariranipun / kadi kancana sinangling / wadana nuksmeng sasongka / liringe galak amanis / budiman ingkang umulat / dhemês dêdêge rêspati

Gandhang kang wicara tanduk / gandhês kewês ngalayoni / tulus raharja ing driya / kalamun slanggapan angling / datan mawi tininggalan / sinambi ngliling dariji

Among lawan kakungipun / kalamun den andikani / patitis saulonira / cumondhong mapanken liring / sumeh asmu guyunira / gumêbyar kang waja kengis

Narawang lit thatit tarung / tumêmpyuh sumyur ngênani / curna prananireng priya / marma lamun den ladosi / marang sang putri Cempala / Sang Parta sandeya nangkil

Lawan sukaning Sang Ayu / maos sagung srat palupi / kang sekar Wisatikandhah / swara arum tan brêbêgi / kenyut sang gya kang miyarsa / yen sampun den wursitani

Bangkit pantes lan memangun / jumbuh ibkabg busanadi / tumrape marang sarira / ing warna tibaning wanci / nyamlênge tan pindha karya / dadya tuladhaning estri

Miwah marang para maru / rinasuk dipunslondhohi / nora keguh rinêngonan / gopyak-gapyuk den srowali / dadya nora bisa duka / lêjar lumuntur ingkang sih

Puwara momong angungung / marang Sang Rêtna Srikandhi / tuwin rising Danajaya / antuk babah denira sih / nanging Sang Rêtna Cêmpala / tangeh yen agêng kang kalih

Awit wus waskitheng tuduh / dadya denira malêsi / bêkti marang maratuwa / gumati mring Dewi Kunthi / pamujunge sabên dina / sakarsane den turuti

Yeka caritaning dangu / estri kang kanggep ing krami / nalikaning jaman purwa / wus kawilang yen utami / marma yogya pirinida / pakolehe pinarsudi

Pinangkat sakadaripun / kang kanggo ing jaman mangkin / ywa kongsi tanpa tuladhan / buwang caraning dumadi / bokmanawa tibeng papa / ina lupute pribadi

Drumunuh keh sami nutuh / kaduwunge angranuhi / sanadyan dipunpupusa / jroning urip naksih eling / yen kena aja mangkana / becik rahayu lestari

c. Ringkasan Isi

Pupuh I (sinom) bait 1

Bait ini merupakan bait pembuka dari serat candrarini. Pada bait ini berisi tentang saat penulisan dan atas perintah Paku Buwana IX. Naskah ini ditulis pada hari kamis tanggal 7 bulan Jumadilakhir pada tahun 1792 J.

Terjemahan pada bait-bait selanjutnya adalah sebagai berikut :

Pupuh I Sinom

Serat Candrarini berisi piwulang atau nasihat terhadap wanita yang hidup dimadu dalam perkawinannya. Para wanita hendaknya selalu merawat diri serta mendukung kemauan suami agar perkawinannya lestari, sebagai contoh adalah para isrti Raden Janaka tersebut. Cantik wajahnya dan baik budinya, tiga orang diantaranya adalah putri raja dan yang dua orang adalah putri pandhita.

Istri tertua bernama Dewi Sumbadra dari negara Mandura, putri dari Sri Basudewa. Wajahnya cantik dan kulitnya kuning sehingga menyenangkan hati orang yang melihatnya. Ia selalu setia terhadap suami. Ia menganggap semua madunya adalah saudarannya. Karena keakrabannya tersebut sehingga tidak ada rasa khawatir di hatinya. Ia selalu dijaga oleh bidadari (karena saudara Wisnu). Para madunya setia dan tunduk terhadap Sang Dewi.

Kakaknya bernama Sri Baladewa serta Prabu Arimurtisangat sayang terhadap Dewi wara Sumbadra. Ia merupakan adik perempuan satu-satunya yang terpisah tempat tinggalnya , sehingga kedua raja tersebut selalu mengirimkan utusan untuk mencari kabar tentang adiknya tersebut.

Pupuh II Dandhanggula

Istri Raden Janaka yang kedua bernama Dewi Manuhara. Ia putri petapa yanng tinggal di gunung Tirtakawama. Wajahnya sangat cantik dan manis, kulitnya kuning agak kehijauan. Ada kekurangan pada diri Manuhara yaitu pada sanggulnya tidak memakai hiasan. Tubauhnya yang langsing serta halus gerak geriknya, sehingga membuat senang suaminya serta madunya. Ia juga membuat senang hati orang yang melihatnya.

Dalam melayani suami ia selalu senang hati, sifatnya tidak angkuh karena ia menyadari anak petapa. Sang Dewi tahan lapar, ia sering berdoa sehingga ia mengerti tentang adanya tanda-tanda atau isyarat yang akan terjadi.

Pupuh III Asmaradana

Istri Raden Jnaka yang ketiga bernama Dewi Ulupi. Ia keturunan begawan Kanwa yang tinggal di gunung Yasarata. Wajahnya cantik, gerak-geriknya menyenangkan hati orang yang melihatnya. Tinggi badanya sedang, pandanganya ramah. Tingkah lakunya “rumengkuh” terhadap suami dan madunya. Sang Dewi dapat melayani kemauan suami, anak serta saudaranya sehingga orang Madukara semua takut dan mengasihi Dewi Ulupi.

Pupuh IV Mijil

Diceritakan juga istri Raden Janakayang keempat bernama Retna Gandawati. Ia putri Sri Arjunayana ratu Sriwedari. Wajahnya sangat cantik dan kulitnya kuning. Kalau berjalan pelan. Tingkah lakunya menyenangkan hati, patuh terhadap suami dan berbudi luhur. Sang Dewi trampil terhadap semua pekerjaan. Nasihat dari bidadari diberikan kepada para madunya supaya dapat melayani suami.

Pupuh V Kinanthi

Istri Raden Janaka yang terakhir adalah Wara Srikandhi dewi nagari Cempalareja putri Sri Mahaprabu Drupada. Wajahnya benar-benar cantik (seperti kencana sinangling) dan badannya langsing. Hatinya baik, menyenangkan hati suami.

Wara Srikadhi suka membaca serat Palupi dan Sekar Wisantikandhah. Semua orang yang mendengarkan terpikat hatinya. Sang Dewi pandai berdandan, sesuai dengan busananya, sehingga ia menjadi contoh bagi para wanita. Semua madunya “direngkuh” dengan hormat sehingga para madunya menghormatinya. Sang Dewi tidak sombong karena Waskitha ing kawruh (dapat mengetahui tentang masalah yang tersamar). Ia berbakti terhadap mertua( Dewi Kunthi).

2. Serat Candrarini Dari Unsur-Unsur Budaya Yang Dimiliki

Serat candrarini merupakan serat yang memberikan piwulang atau nasehat kepada para wanita yang telah memiliki suami. Serat Candrarini menunjukkan bagaimana cara atau sikap dan tindak tanduk wanita agar terjaga kelestarian kehidupan rumah tangganya walaupun dimadu. Hal ini dapat kita lihat dari pupuh I bait 3 yang berbunyi:

Awit jenenging wanudya, pegat denya palakrami, nistha, nir kadarmanira, wigar denira dumadi, sami lan mangun teki, kang badhar subratanipun, punggel kaselan cipta

(Yang disebut wanita, bila ia bercerai adalah sangat hina, hilang segala keutamaannya, urung / tidak memenuhi kodratnya sebagai wanita, seumpama orang yang bertapa, gagallah samadinya).

Adapun caranya adalah dengan kesetiaan, kerukunan antar madu dan pengabdian kepada suami serta mertua. Hal itu pada jaman dahulu merupakan tradisi yang telah berjalan lama.

a. Budaya poligami

Hal ini ditunjukan dari keseluruhan isi serat yang menyebutkan tentang istri arjuna yang dimiliki lebih dari satu.

b. Ajaran dalam kerukunan

Hal ini ditunjukan bahwa sebagai istri-istri yang dimadu haruslah hidup berdampingan dan menjaga kerukunan agar tercipta rumah tangga yang harmonis. Berusaha agar selalu menyenangkan dalam pergaulan dengan tindak tanduk yang menunjukkan persahabatan, supel. Hal ini dinyatakan dalam pupuh II. bait 2 larik 4-7 yang berbunyi:

tan regu semune manis, lirih tanduking angling, lumuh ing wicara sendhu, amot mengku aksama,

(”tidak banyak bicara, wajahnya manis, halus tutur katanya, tidak pernah mengeluarkan kata-kata kasar, sangat pemaaf”).

mring maru kadi sudhara,rumesep tan walang ati, legawa anrusing batin (II.3.1,2,4,).

(”terhadap madunya sikapnya seperti kepada saudara sendiri, tidak mempunyai syak wasangka, hatinya mulus tulus sampai ke batinnya”).

sarwalus sasolahira (III.4.8) (semua tindak tanduknya serba halus)” tembung arum rumaket amanis, tandukira angengayuh driya, bisa nuju ing karsane, priya myang marunipun, pinapangkat denya nglagani, susila anoraga, sepi ing piyangkuh, (III.5.1-7),

(”kata-katanya manis sedap didengar, mengandung rasa persaudaraan, tindak tanduknya menarik hati, pandai melayani kehendak suami, para madunya diberi tugas sesuai dengan tingkat dan kewajibannya, tahu sopan santun dan rendah hati serta tidak pernah sombong”).

tandang tanduke rumengkuh, mring priya myang marunira (IV.4.6-7),

(”tindak tanduknya kepada suami dan madunya menunjukkan sikap persahabatan”).

bisa cawis angladeni, kang dadi karem-ing priya, myang putra cethi sedeneii (IV.5.1-3).

(”dapat melayani apa yang menjadi kegemaran suami, anak maupun para abdi)”

kinawruhan maru sesikune, winaweka winoran memanis, yen rengat pinlim-ping ing wicara arum (V.5.3-6).

(”para madunya tahu kalau marah selalu ditutupi dengan kata-kata halus, demikian pula kalau kecewa”)

miwah marang para maru, rinasuk dipun slondhohi, nora keguh rinengonan,gopyak-gapyuk den srowoli, dadya nora bisa duka, lejar lumuntur ingkang sih (VI.8).

(”kepada para madunya menganggap saudara dengan segala kerendahan hati, tidak begitu saja mudah percaya bila mendengar suara yang sumbang, dengan sikap yang ramah kemarahannya luntur menjadi kasih sayang”)

c. Budaya merawat tubuh

Dalam serat candrarini dijelaskan bahwa sebagai seorang istri haruslah pandai dan memperhatikan keadaan wadag (jasmani), memelihara agar selalu sehat dan sedap dipandang, memperhatikan sopan santun berbusana agar tidak melanggar tata tertib dan kesusilaan, artinya hendaknya sesuai dengan waktu dan tempat (empan papan).

yogya ngupakareng dhiri, manjrenih mardi weni, wewida ganda rumarum, rumarah ngadi warna, winor ing naya mamanis, mangesthia ing reh cumondhong ing karsa, pupuh I bait 2 larik 4-6

(”hendaknya memelihara badan, merawat rambut, melumuri tubuhnya dengan wewangian, merias wajahnya, berbudi halus, sungguh-sungguh menepati norma-norma kehidupan dan menuruti kehendak suami).

bangkit mantes lan memangun, jumbuhing kang busanadi, tumrape marang sarira, ing warna tibaning wanci, nyamlenge tan pindho karya, pupuh VI, pada 7 larik 1-5

(”pandai memantas dan membuat busana sesuai dengan badannya, warna dan jenisnya disesuaikan dengan waktu dan tempat, sehingga sedap dipandang, tidak ada duanya”)

d. Budaya menghormati suami dan mertua

Sebagai seorang istri hendaknya selalu memperlihatkan setia baktinya dengan tidak pernah membantah semua kehendak suami serta menghormati mertua dengan penuh kasih sayang dan bakti, hal ini ternyata dalam:
setyeng priya datan lenggana sakarsa (II.2) susileng tyas sumawiteng laki, dumulur sapakon (V.5.1-2)

(”sopan santun dari lubuk hatinya dengan sifatnya penuh pengabdian kepada suami, segala perintahnya diturut”)

bekti marang maratuwa, gumati mring dewi Kunthi, pamunjunge saben dina, sakarsane denturuti (VI. 10.3-6).

(”bakti terhadap mertua, sangat sayang kepada dewi Kunthi, setiap hari menghaturkan sesuatu (makanan, hadiah), segala kehendaknya dituruti”)

e. Ajaran didaktis

Yaitu sebagai istri hendaknya memiliki keterampilan dan kepandaian agar suami menjadi betah dan lebih senang berada di rumah. Hal ini ditunjukkan dalam:


bisa nuju ing karsane priya, myang marunipun, pinapangkat denya nglagani, (III.5.3-4).

(”mengetahui apa yang menjadi kegemaran suami, kepada para madunya diberikan tugas sesuai kemampuannya”)

bisa cawis angladeni, kang dadi kareming priya (IV.5.1-2),

(”pandai dan siap melayani apa yang menjadi kegemaran suami”).

setyeng priya datan lenggana sakarsa (II.3.9.).

(”setia kepada suami, tidak menolak segala kehendaknya”)

f. Budaya hindu

Budaya hindu yaitu ditunjukan adanya pengaruh Hindu yang sudah berurat berakar dalam masyarakat dan kegemaran pada wayang, mengambil isteri Arjuna sebagai teladan.

ing weweka titi (V.6)

(”pandai membedakan yang baik dan buruk”)

wasis salir pakaryaning estri, reratus kekonyoh, widadari sang dyah pagurone,winulangken mring marune sami (V.6),

(”pandai akan segala ketrampilan wanita yang didapat dari berguru kepada para bidadari, semua ini diajarkan kepada para madunya”)

lawan sukane sang ayu, maos sagung srat palupi (VI.6).

(”dan kegemaran sang ayu membaca semua kitab-kitab yang memuat keteladanan”)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar