Selasa, 10 November 2009

Tarunge Jago Pradata

jago tarung kang rumangsa sekti
samyo ngomong yen wis mesti menang
kang durung ana buktine
ruwangnyo tumbalipun
kang kamangka bener diplintir
rumangsa wis jagoan
mesti menang tarung
reka daya kang upaya
nadyanta nesta lan luput den lampahi
mesti kelangan rasa

Hamawaso

tan karasa jroning ati
yen nagara keh prahara
marga watak kang a pamer
ngegungke wasis wicara
tanpa rasa lawan petang
mestine kudu temungkul
mring gusti kang maha kwasa

Mendhung ing KPK

bapak pocung rakyat lagi padha bingung
warta kang kumandhang
pratelane padha miring
amemujo mugi bebener trawaca

glimpang glimpung nalikaning lagi nganggur
pikiran nerawang
piye tundhune ing benjing
yen wis teka ing pradilaning pradata